makna tembang ilir-ilir
tak ijo royo-royo,
tak sengguh penganten anyar,
cah angon, cah angon penekna blimbing kuwi,
lunyu-lunyu peneken,
kanggo masuh dodotira,
dodotira kumitir bedhahing pinggir,
dondomana jlumatana,
tak nggo seba mengko sore,
mumpung gedhe rembulane,
mumpung jembar kalangane
ya suraka surak horeee.
Tembang
ing ndhuwur kalebu salah sawijining tembang sing saben wong Jawa mesthi
bisa nembangake. tembang dirungu dsaka mbah-mbah biyen, lan ing saben
panggonan diotembangake dening bocah-bocah. Budaya tutur sing dialami
dening wong wong boiyen jalaran durung akeh buku lan cathetan mula
keprungune turun temurun. Banjur thukul sapa sing nyiptakake tembang
iku?
Ana panemu sing sing
nyiptakake Sunan Drajat, ana maneh panemu sing ngandhakake yen sing
ngarang tembang iku Sunan Kalijaga, lan ana maneh panemu sing liya.
Jalaran ora ana cathetan sing bisa dianggo pathokan mula sawetara iki
durung bisa nemtokake sapa satemene sing ngarang tembang iku, utawa
karan anonim (tanpa dikaweruhi)
Apa satemene maknane tembang iku ?
Nalika
mumbul-mumbule agama Islam ing tanah Jawa, para wali nyiptakake tembang
iku sarana kanggo dakwah. Contone Sunan Kalijaga nyiptakake lakon
wayang Jamus (Jimat) Kalimasada yen diwerdeni saka tembung Kalimat
Syahadat. Mula ora mokal yen sing nyiptakake tembang Ilir-ilir iku ya
para wali.
Dene maknane tembang Ilir-ilir mangkene :
Ilir-ilir,
tegese tangia, bangkitlah. Ajak-ajak supaya para nom-noman lan
wong-wong padha gumregah saka anggone turu, saka anggone karem ing
kahanan sing lawas, tandang gawe kanggo nungsung kahanan sing anyar.
Tandure wis sumilir, tandurane wis padha nglilir, wis tangi, wis urip.
Wiji kabecikan, utawa kader-kader nom-noman sing ditandur wis ngatonake
wujude, wis maujud. Rupane ijo royo-royo kaya ijo penganten anyar. Dhek
jaman biyen penganten anyar dianggoni klambi ijo minangka simbol
panguripane manungsa kang ibarate tanduran kang lagi thukul.
Bocah
angon penekna blimbing kuwi, bocah angon ibarate para mudha sing
ngopeni, ngawal sumebare agama nggayuh gegayuhane manungsa kang
diibaratake blimbing. Blimbing nduweni lingir 5 maknane rukun Islam
limang prakara. Angka 5 dhewe nduweni tafsir warna-warna upamane : rukun
Islam, sembahyang limang wektu, tambane ati ya limang prakara. Sanajan
lunyu, angel, kudu tetep diupayakake.
Kanggo
masuh dodotira, minangka kanggo nyuceni sandhangan sing dianggo,
sandhangan kang awujud lair utawa sandhangan kang wujud batin. Kaya
ngendikane KGPAA Mangkunagara IV sandhangan batin yaiku agama, agama
ageming aji.
Dodotira kumitir
bedhah ing pinggir, nalika samana sandhangane wis bedhah, wis suwek mula
sandhangan mau kudu didondomi, dijlumat, diapiki supaya dadi becik.
Kanggo
seba mengko sore, mumpung gedhe rembulane, mumpung jembar kalangane,
kanggo ngadhep marang Gusti Allah, Pangeran kang murba amisesa uripe
manungsa.
Ana
maneh tapsir liya, yaiku nalika adege Negara Republik Indonesia bocah
angon sing dikarepake yaiku para pemimpin kayata : Bung Karno, Rajiman
Wedyadiningrat, M. Hatta, Abikusna Cakrasuyasa, M. Yamin lsp mujudake
lan netepake dhasar negara yaiku Pancasila (sing diibaratake blimbing) ,
negara sing bakal didegake yaiku Republik Indonesia.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar